Dhamar
Sasi Desember sing teles, luh tumetes ing pipine Jo sing lagi berjuwang sakuwat nglalekake. Crita ing sasi Desember kang diajab dadi esem kang dicecep manis surasane, ewa semana kosok baline. Lakon ing sasi Desember iku agawe teles pipine lan nuwuhake semburat abang ing mripate. Pancen ya kudu ngono, Desember kang digadhang-gadhang bisa madhangi atine, luput pangajabe, sinaosa amung semburat cahyaning kilat, saora-orane kanggo Jo mbacutake uripe. Tenan, ora ana sisane. Desember 2010 langit katutup mendhung kang nambah remeng-remeng pikire, gludhuk pating jlerit nyuwarakake cuwa atine, angin sumilir alon, sembribit dirasakake kenya dhuwur cilik, rambute ireng ngandhan-andhan sing lagi ngadeg ing gedung Fakultas Bahasa dan Seni UNY. Lagi udan ing sasi Desember. Udan kang miwiti critane Jo lan Sofistika. “ Drrrtttt….drrrttt…drrrttt.. ...